Bisnis Investasi

BOJOKU NAKAL GAWE EMOSI DARAH TINGGI LORO ATI

Puisi ungkapan emosi bahasa jawa karena di tinggal selingkuh kekasihnya  "BOJOKU NAKAL GAWE EMOSI DARAH TINGGI LORO ATI " artinya Bojoku Nakal Bikin Emosi Darah Tinggi Sakit Hati , sekedar untuk hiburan saja , hehehe jangan di ambil hati ... oke lanjut baca puisinya .

Bojoku nakal sak iki...
Marake Aku Darah Tinggi...
Bojoku Nakal Saiki....
Senenge Gawe Loro Ati...

Tresnone ati iki ora iso tak apusi..
Karo si siti sing koyo widodari
Yen ngerti mlakune kaya pragawati..
Sampek saben bengi aku ngimpekne siti...

Ngilangke tresnamu malah kelingan awakmu
Pancen awaku kadung tresna awakmu..
Saben ketemu...rasane ati deg degan...
Arep mangan wae aku mesti kelingan...

Tak pikir pikir malah koyo wong kentir
Nduwe pacar kelakuane mesti ora bener..
Tetep aku tresna marang seliramu..
Saben ndino tansah pingin ketemu...karo awakmu

Pancen akeh sing pingin dadi pacare..
Nanging aku ora mundur...entok cintane..
Sing tak pengini kowe nerimo cintaku..
Tak tunggu jawabanmu ngasi nerimo aku...

Ngerasakne bojoku saiki..
Sing ora tahu ngerteni..
Bola bali gawe emosi....
Saben bengi ora ngancani....

Sidane siti wis gelem dadi pacarku...
Wis seminggu siti pacaran karo aku..
Atiku keroso koyo ono sing bedo...
Jebul bocahe selingkuh karo paijo..

Aduh biyung atiku keloro loro..
Saiki pacarku malah dadi koyo ngono..
Ndasku rasane mumet , ngasi koyo di pentung...
Kelakuane pacarku kok koyo wong gemblung...

Bola bali melaku karo lanangan liyo...
Tak gawe meneng , siti malah soyo gelodro..
Nek ngerti kelakuanmu aku ora sido trenso..
Tak wenehi ati malah ngerogoh rempelo..

Aduh gusti kepiye aku iki..
Opo sing di pingini mesti tak turuti..
Mergo kowe kui paling tak tresnani..
Nanging opo balesanmu karo aku iki...

Ngerasakne bojoku saiki...
Sing tambah gateli.....
Ngerasakne Bojoku saiki...
Sing marai darah tinggi...

Rasane bingung karo tingkah lakumu...
Tak itung seminggu awakmu ora nemoni aku..
Siti sing tak ngerteni kelakuane ora ngene iki..
Bocahe nek di kandani ora gelem mengsuli..

Jebul saiki wonge malah blenjani..
Atiku sing tok apusi ora biso tak ilangi..
Kelakuanmu bedo peh duwe lanangan liyo..
Atiku iklas kowe pacaran karo paijo..

Wis tak cubo tresnaku marang sliramu..
Dudu niatku ngingkari kabeh janjiku..
Iki kabeh mergo kelakuanmu...
Aku karo awakmu , aku tambah kuru...

Jujur awaku rasane ora gelem kelangan...
Nak tak teruske malah dadi soyo edan..
Iki kabeh wis dadi garis kehidupane..
Di anggep wae..siti dudu jodone...

Bojoku nakal sak iki...
Marake Aku Darah Tinggi...
Bojoku Nakal Saiki....
Senenge Gawe Loro Ati...





Advertisement