Tampilkan postingan dengan label Puisi Jawa. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Puisi Jawa. Tampilkan semua postingan
Bisnis Investasi

JANE AKU IKI BOJONE SOPO ?

#Aku Iki Jane Bojone Sopo.
Puisi singkat buat yang masih jomblo , mudah mudahan bisa menghibur. Selamat menikmati.

Aku Iki Jane Bojone Sopo.

Umur wis akeh bojo ra oleh oleh
Jane aku iki bojone sopo ?
Awak yois tak openi,tapi ora ono sing nyedaki
Jane aku iki bojone sopo ?
Kerjo awan bengi tak lakoni, tapi ra ono sing di jak rabi.
Jane aku iki bojone sopo?

Jare kon golek kenalan , tapi kabeh ngaku wis duwe pasangan .
Jane aku iki bojone sopo?
Jare kon dungo sholat wengi wiridan, wis lakoni , tapi malah mimpi di uber wong edan.
Jane aki iki bojone sopo?
Kon jalan jalan sopo  ngerti oleh pandangan, wis tak lakoni cangkruk ning prapatan sampek ora ulih ulihan, ora petuk pasangan malah keno garukan.
Jane aku iki bojone sopo ?

Ya Allah urip kari rabine tok
Kok angel eram ya Allah...
Bangeten men nasibku...
Susah yo susah tapi ojo nemen nemen
Mugo dang paringi jodoh ya Allah...
Amin......

@Abu Nawas
Ngawi Jawa Timur, Minggu 11 Maret 2018 , 19:20

Read More
Bisnis Investasi

BOJOKU NAKAL GAWE EMOSI DARAH TINGGI LORO ATI

Puisi ungkapan emosi bahasa jawa karena di tinggal selingkuh kekasihnya  "BOJOKU NAKAL GAWE EMOSI DARAH TINGGI LORO ATI " artinya Bojoku Nakal Bikin Emosi Darah Tinggi Sakit Hati , sekedar untuk hiburan saja , hehehe jangan di ambil hati ... oke lanjut baca puisinya .

Bojoku nakal sak iki...
Marake Aku Darah Tinggi...
Bojoku Nakal Saiki....
Senenge Gawe Loro Ati...

Tresnone ati iki ora iso tak apusi..
Karo si siti sing koyo widodari
Yen ngerti mlakune kaya pragawati..
Sampek saben bengi aku ngimpekne siti...

Ngilangke tresnamu malah kelingan awakmu
Pancen awaku kadung tresna awakmu..
Saben ketemu...rasane ati deg degan...
Arep mangan wae aku mesti kelingan...

Tak pikir pikir malah koyo wong kentir
Nduwe pacar kelakuane mesti ora bener..
Tetep aku tresna marang seliramu..
Saben ndino tansah pingin ketemu...karo awakmu

Pancen akeh sing pingin dadi pacare..
Nanging aku ora mundur...entok cintane..
Sing tak pengini kowe nerimo cintaku..
Tak tunggu jawabanmu ngasi nerimo aku...

Ngerasakne bojoku saiki..
Sing ora tahu ngerteni..
Bola bali gawe emosi....
Saben bengi ora ngancani....

Sidane siti wis gelem dadi pacarku...
Wis seminggu siti pacaran karo aku..
Atiku keroso koyo ono sing bedo...
Jebul bocahe selingkuh karo paijo..

Aduh biyung atiku keloro loro..
Saiki pacarku malah dadi koyo ngono..
Ndasku rasane mumet , ngasi koyo di pentung...
Kelakuane pacarku kok koyo wong gemblung...

Bola bali melaku karo lanangan liyo...
Tak gawe meneng , siti malah soyo gelodro..
Nek ngerti kelakuanmu aku ora sido trenso..
Tak wenehi ati malah ngerogoh rempelo..

Aduh gusti kepiye aku iki..
Opo sing di pingini mesti tak turuti..
Mergo kowe kui paling tak tresnani..
Nanging opo balesanmu karo aku iki...

Ngerasakne bojoku saiki...
Sing tambah gateli.....
Ngerasakne Bojoku saiki...
Sing marai darah tinggi...

Rasane bingung karo tingkah lakumu...
Tak itung seminggu awakmu ora nemoni aku..
Siti sing tak ngerteni kelakuane ora ngene iki..
Bocahe nek di kandani ora gelem mengsuli..

Jebul saiki wonge malah blenjani..
Atiku sing tok apusi ora biso tak ilangi..
Kelakuanmu bedo peh duwe lanangan liyo..
Atiku iklas kowe pacaran karo paijo..

Wis tak cubo tresnaku marang sliramu..
Dudu niatku ngingkari kabeh janjiku..
Iki kabeh mergo kelakuanmu...
Aku karo awakmu , aku tambah kuru...

Jujur awaku rasane ora gelem kelangan...
Nak tak teruske malah dadi soyo edan..
Iki kabeh wis dadi garis kehidupane..
Di anggep wae..siti dudu jodone...

Bojoku nakal sak iki...
Marake Aku Darah Tinggi...
Bojoku Nakal Saiki....
Senenge Gawe Loro Ati...





Read More

Puisi Cangkruk Nang Warung

Warung kopi dimana-mana ada, perkenalan warung kopi sebut saja angkringan. Pulau Kalimantan dan Sumatera tak ada warung angkringan. Ya begitulah warung kopi buat ngilangin penat seharian. Nikmatin nasi kucing dan ngopi sambil baca puisi:

Cangkruk Nang Warung

Mbok kopi setunggal
Ojo legi-legi
Kopi pait ngayemke ati
Iki lagi prustasi
Mikirne wadon sing ngapusi

Sing pait yo mbok
Segerombol kebulan asap menemani
Kata mereka rokok bikin mati
Tapi rokok sangat berarti
Biar nggak prustasi

Iku bidadari seko ngendi
Kok ono wadon nang warung kopi
Kulo pengen ningali
obat prustasi

Dolor...
Pikiran rodok semprul
Dolor ayo kumpul
Kumpul nang warung kopi
ngopi sambil diskusi

By: Dalang Wanataka 4:2014
Read More
Bisnis Investasi

PUISI JAWA " KELINGAN RAIMU"

Ini puisi bahasa jawa . tentang kenangan yang bikin emosi sakit hati dan membuat dunia terasa gelap , sederhana saja sih , dengan mengingatnya rasanya seperti membungkar koreng hati hati , akhirnya apa yang harusnya sembuh malah sakit lagi . Oke jos.... tarik langsung.

Kelingan Raimu...tahu ngelarakne aku
Ati kudu nesu sirah dadi ngelu
Kelingan raimu...tahu ninggalke aku
Nang awak tambah kuru ora iso lemu

Wis saiki minggat soko ngarepku
Ora usah nyedak aku , ndak mules wetengku
Wis saiki minggat ora usah ngerayu...
Aku wis ora butuh karo raimu....

Loro atiku , mergo kelakuamu
Mergo cangkemu ora iso di gugu...
Pecah ndasku mergo kelingan raimu
Gregeten pingin mancal ndasmu...

Cen dancok'an , aku tresno tenanan
Malah di anggep dolanan
Cen bajingan , aku wis gelem korban ,
Tak rewangi utangan , kowe malah gebetan...

Kelingan raimu , sirah dadi ngelu
Kelingan raimu  tambah kuru
Mulo saiki ora usah mikir aku
Aku wis ora butuh karo raimu....
Read More
Bisnis Investasi

7 PUISI BAHASA JAWA TERBAIK

Berikut ini adalah kumpulan puisi bahasa jawa yang saya dapat dari blog sebelah , puisi ini sudah lama di terbitkan namun baru sekarang saya menemukan , iseng-iseng browsing tentang puisi bahasa jawa dan saya menemukan puisi yang akan sampaikan di bawah ini . berikut judul puisi bahasa jawanya :
  1. Pepadang Bakal Tumeka
  2. Wayah Esuk Pedut Engandanu
  3. Petenging Wengi
  4. Nyawang Pucuking Gunung Sumbing
  5. Kekudanganku
  6. Udan Wayah Sore
  7. Naliko Sepi .
Adapun puisinya adalah sebagai berikut :
PEPADANG BAKAL TUMEKA
angrantu sinambi jumangkah ing dalan kang peteng kebak sandungan
mecaki lurung lurung kang dawa satengahing ara-ara samun
bumi kang kapidak kebak sinengker
anggawa ganda bacin
manuk manuk dhandhang kekitrang wayah sore
peteng kang gemuleng ing angganing manungsa

wus sinerat ana ing kitab duk ing uni
pepadang bakal tumeka anggawa kabar bebungah
kanggo kita sami jalma manungsa
kang bakal amadhangi lurung-lurung, dalan-dalan lan ara-ara samun
amadhangi sakendhenging jagat raya
mara gage kita sami tumenga ing angkasa
mangayubagya rawuhipun sang pepadhang
kanthi mesu raga nutup babahan nawa sanga
mangestu nampi pepadhang .....

jakarta wanci adven minggu kaping kalih warsa 2009
----------------------------------------------------------

WAYAH ESUK PEDUT ANGENDANU
jakarta 8 april 2009
rong puluh tahun kepungkur aku lan sliramu nate mlaku ana dalan kene
saklawase ora nate ketemu
saliramu lan saliraku wus beda ora kaya biyen nalika isih tak kanthi
gandaning wengi mau isih sumrebak ngebaki pedut wayah esuk

wus aja mbok tangisi lakon kang wus kapungkur
wus pirang wayah ketiga tak lakoni nganti rambut warna ireng lan putih
ing dalan iki rong puluh tahun kepungkur
ana cerita rinajut endah

dik, kala kala sliramu isih dadi impenku
pirsanana ana nduwur kae
ana teja manther ing sela-selaning gegodongan
lan lintang panjer wengi sing isih kari sakmenir gedhene

saiki aku lan sliramu linambaran rasa kangen
simpenen kangenmu ana impen
-----------------------------------------

PETENGING WENGI
maymintaraga 19 april 2009
sumribit angin ngelus langit sore
manuk sriti bali ing pucuking cemara
nganti tekaning wengi sing nyenyet
gawang-gawang katon pasuryanmu

gawe tambah kekesing angin sore
tumlawung rasa kang ngulandara
wengi bakal tumeka maneh
bareng karo wewayanganmu
kang bakal ngebaki impen petenging wengi

lumaku turut petenging lurung
bakal gawang-gawang campur mega-mega
apa kudu tak buwang bareng karo lumingsiring wengi ?
------------------------------------------------------------

NYAWANG PUCUKING GUNUNG SUMBING
maymintaraga 19 april 2009
sawah lan pategalan bawera
lumaku saktengahing kunang-kunang
kumelip nggawa wisik saka pucuking gunung sumbing
tak goleki ngendi panggonanmu

bapa biyung kang wus tumeka ing kasedan jati
anakmu isih nyawang pucuking gunung sumbing
ana ing saktengahing sawah pategalan sing dadi pangeling

o, bapa lan biyung...
saiki panggonanmu ing pangayunaning pangeran
isih bisa nyawang ana ing panggonan iki
sawangen anakmu

----------------------------------------------
KEKUDANGANKU
maymintaraga 19 april 2009
o, ngger sang ponang jabang bayi
bebarengan tangismu kang kejer sumusup ing wengi
sira wus lahir kanthi slamet
nyawang gumelaring jagat raya

yen sira nangis tak emban lan tak tembangake dandang gula lingsir wengi
kapurih sira bisa turu kanthi tentrem
yen sira mesem tak kudang tak liling

o, ngger sang ponang jabang bayi
tak gadang dadiya wong kang luhur bebudenmu ing tembe ***

kanggo: fabian moreno setiawan lan rubi dirgantara
--------------------------------------------------------------
UDAN WAYAH SORE
maymintaraga 02 mei 2009
udan riwis-riwis nggawa angin gumanti
ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep
dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles

sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar
lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang
tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung
tak kanthi lakumu tumeka ngendi

mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis
marakake gawe kekesing ati
manuk kepodang wus mabur mangulon
nanging tetep tak tunggu tekamu ***
---------------------------------------------------------
NALIKA SEPI ....
pasuryanmu sing bening
tumiba ing banyu mili turut pletheking surya
saya suwe tansaya adoh
ninggalake sepi

tan ana sabawa gumrisiking alang alang
aku mung bisa nyawang
pasuryanmu sing kagawa banyu mili turut kali
nganti datan katon kasaput pedut ***



Read More
Tenangno Pikirmu Bro...

Tenangno Pikirmu Bro...

Tenangno Pikirmu Bro...
Iseng saja , nulis nulis sambil ngantuk , resah gelisah gara-gara ada yang ga beres dengan layanan bank , bayar domain ga beres , bayaran kliksaya ga sampai ,  m banking macet , net banking ga berfungsi . okelah tenangno pikirmu bro .

Piye kabarmu bro...
Penak jamanku to....?
Akeh hutang sing penting aman...
Biar Goblog Penting Makmur...

Tenangnu Pikirmu Bro...
Gasah di pikir nemen-nemen , nang sirah ndak gliyeng...
Dunyo iki wis muter makane awake dewe gasah melu mubeng .
Awake dewe iki wis ruwet , gasah nambah masalah ndak mumet .

Mikir wong ayu , nambahi ngelu .
Iso nyawang ora iso di gowo...
Makane tenangno pikirmu bro...
Lakoni sing ono , sing ga ono gasah di oyo...

Pisan maneh tenangno pikirmu bro...
Read More
Ayo Pak Ndang Rabikno Aku Selak Tuwo

Ayo Pak Ndang Rabikno Aku Selak Tuwo


Ayo Pak Ndang Rabikno Aku Selak Tuwo
Ciptaan : Eny Sagita Vokal : Eny Sagita Produksi : Aini Record

Kowe lan aku sajak’e kok jodo,
Tapi ngopo kok bapakku koyo ngono,
Yen bapak setuju ayo diterusno,
Mugo-mugo dijabahi sing kuoso.

Ora turu kok koyo ngimpi,
Ketemu wong bagus ngganteng dewe,
Aku mesem sithik kowe mesem akeh,
Irungku mekrok..

Ora turu kok koyo ngimpi,
Ketemu wong bagus ngganteng dewe,
Aku mesem sithik kowe mesem akeh,
Irungku mekrok..

Ora semayan ora janjian,
Ketemu neng deso pace kulon,
Lagi lungguh mak prok, lagi noleh mak leh
Lho konangan bapak..


Kowe lan aku sajak’e kok jodo,
Tapi ngopo kok bapakku koyo ngono,
Yen bapak setuju ayo diterusno,
Mugo-mugo dijabahi sing kuoso..

Roso tresno dudu’ mergo bondo,
Roso tresno lahir soko dodo,
Sugih mlarat dudu’ ukurane,
Sing penting kare’ mantep niat atine
Ayo’ pak ndang rabekno, aduh pak aku selak tuwo..

Ora turu kok koyo ngimpi,
Ketemu wong bagus ngganteng dewe,
Aku mesem sithik kowe mesem akeh,
Irungku mekrok..

Ora semayan ora janjian,
Ketemu neng deso pace kulon,
Lagi lungguh mak prok, lagi noleh mak leh
Lho konangan bapak..


Kowe lan aku sajak’e kok jodo,
Tapi ngopo kok bapakku koyo ngono,
Yen bapak setuju ayo diterusno,
Mugo-mugo dijabahi sing kuoso..

Roso tresno dudu’ mergo bondo,
Roso tresno lahir soko dodo,
Sugih mlarat dudu’ ukurane,
Sing penting kare’ mantep niat atine

Ayo’ pak ndang rabekno, aduh pak aku selak tuwo..
Ayo’ pak ndang rabekno, aduh pak aku selak tuwo..
Ayo’ pak ndang rabekno, aduh pak aku selak tuwo..
Read More
MERGO NDUWE PACAR LORO

MERGO NDUWE PACAR LORO


Terinspirasi dari lagu bojo loro , kali ini jadi puisi pacar loro. nah sepertinya punya pacar loro iku sama pusingnya dengan punya bojo loro , sehari telpon sana, sehari telpon sini , sekarang yang muda di telpon yang muda di sms, besoknya yang tua di telpon yang muda di sms .... kikikikikik......
Pancen uwis  mumet
Yen nduwe pacar loro
Kudu iso bagi wektu...
Nek ora di kei kabeh..
Iso muni muni...
Karepe di sayang...
Ora nganti Bagi Ati..

Nanging piye maneh
Atiku wis sumeleh...
Nek gelem yo ngene ora gelem ya luweh..
MERGO NDUWE PACAR LORODasare atiku iki wis koyo ngene
Timbang loro ati mending kowe lungo wae..

Yo pancen dalane urip...
Aku nduwe pacar loro...
Kudu di lakoni senajan ati nelongso
Sing sabar nerimo..Nganti tekan dodo
Ora mung kanti sabar...ning ojo sampek suloyo..
Moro rono penak
Moro rene yo penak..
Nganti ngelus dodo loro nang jero awak..
Wis dadi nasibe kudu melaku wong telu..
Gasah di pikir jeru jeru , ndak tambah ngelu...

 Abang biru lampune disko
Awak kuru Bos.., mikir Pacar Loro
Pacar sing enom njaluk disayang
Sing tuwo ‘njur wegah ditinggal

Sirah mumet ora bisa turu
Andum trisno Bos.., ugo andum waktu
Mikir butuhe, mikir pulsane
Njur saiki bingung atine

Telung dino telpon rono
Telung dino telpon neng kene
Sing sedino kanggu sopo
Sing sedino kanggu wong liyo

Ragate soyo akeh...
Yen ngopeni pacar loro..
Hati ku ora kuat...
Kudu iso ngopeni...
Yen salah siji ora kuat...
Yo kudu  gelem minggat....
Timbang suwe-suwe  uripku soyo jepat

Read More
Minggato... Tak Tunggu Balimu

Minggato... Tak Tunggu Balimu

Minggato... Tak Tunggu Balimu
Yap... cinta tinggal cinta , sayang tinggal sayang jika segalanya sudah tidak ada kecocokan mungkin itu kata yang cocok di ungkapan saat hubungan di ujung jurang perpisahan yang tidak bisa di elakan . Berikut ini adalah puisi bahasa jawa tentang perpisahan sepasang kekasih karena salah satu pasangan nekat pergi tanpa ada kesepakatan , akhirnya sang cowok merelakan kepergianya ... walau sangat berat hatinya . Oke lanjutkan baca puisinya mudah mudahan menghibur...
Minggato... Tak Tunggu Balimu
Nangiso sedino ping pitu
Yen kuwi keputusanmu
Aku ora bakal nggandoli
Lungamu ninggalke aku

Aku wis lilo yen sliramu lungo
Senajan dodo ngempet ing loro
Aku ra kuwoso menging sliramu
Sing tak jaluk jujur atimu

Mugo sliramu ra cidro
Senajan adoh ing kono
Sliramu tansah gumantil
Ono ing mripat lan dodo
Budalo tak tunggu balimu......

TakSimpen SMS mu ...
Maafkanlah wahai sayangku
Terpaksa meninggalkanmu
Aku tak membenci dirimu
Dan melepaskan cintamu
Kau tahu diriku ku tahu dirimu
Kita sudah tak sendiri lagi
Kuharap dirimu mengerti diriku
Tak mungkin kita terus begini
Anggap saja semua itu
Sebagai mimpi tidurmu
Lupakanlah masa lalu
Dari semua kenanganmu
Yang lalu biarlah berlalu.....

Iki Jawabanku....
Opo wis tego sliramu
Misahke roso tresnaku
Opo penggodane tresno
Aku kudu sabar nerimo

Kok Penak Tenan Jawabanmu...
Serahkan saja pada yang diatas sana
Yawis yen iku dadi karepmu ...
Saiki ,Minggato... Tak Tunggu Balimu
Read More
PUISI IBU " DELONDONG OH DELONDONG"

PUISI IBU " DELONDONG OH DELONDONG"

Puisi ini masih termasuk edisi puisi ibu bahasa jawa cuma dalam puisi ini mengungkapkan Omelan seorang ibu saat hati jengkel menyikapi prilaku anaknya , DELONDONG adalah istilah orang kampung saya dalam menyebut anaknya ketika jengkel , singkatnya delondong adalah panggilan anak secara kasar .

Delondong Oh delondong....
Cilik di gedekne , Wis gede mancal Rai...
Ngertio ngono biyen tak cites...
Timbang Gawe Lorone Ati....

Delondong Oh delondong...
Biyen jek cilik awakmu tak gendong...
Ora peduli , awakmu betotong...
Ora Peduli ,awaku metong-metong....

Delondong Oh delondong....
Jek cilik awakmu tak kodang....
Tak anggep apik dewe , ganteng dewe, bagus dewe...
Najan mataku ga PECE , jane ya ga bagus banget...
Tapi awakmu iku delondongku dewe...

Delondong Oh delondong....
Biyen awakmu jaluk jajan....
Tak turutu tak rewangi utang utang...
Wis gede , kok dadi bajingan....


Delondong Oh delondong....
Iso badok sitik ae kok ngangkat bkong...
Mbok anggep wong tuwomu dudu Uwong...
Kebangetan men to ....awakmu iki...

Delondong oh delondong...
Aku ora kere jaluk hasilmu...
Aku ora butuh weh wehanmu...
Nukokne kelambi setahun pisan , iku nek bodo...
Ngono kok maneni wong tuwo...

Delondong oh delondong....
Ngelingono naliko Loro ngati arep modyar...
Ngelingono sekolah ga munggah munggah..
Ngelingono lel ngelingono...

Delondong oh delondong...
Najan kelakuanmu wis ra lumrah...
Sering gawe masalah lan susah...
Awakmu jek tak anggep delondongu dewe...
Mula jek tak dongakne ....supaya apik wae..
Mugo ga nurun nang anak anakmu...
Ga nurun nang putu putuku...
Lan ketemu bojo ayu saing sabar urip karo awakmu...
Koyo opo opo , awakmu jek delondongku...
Read More
PUISI IBU BAHASA JAWA

PUISI IBU BAHASA JAWA

PUISI IBU BAHASA JAWA
Berikut ini adalah puisi ibu dengan menggunakan bahasa jawa , dalam bahasa jawa panggilan ibu biasa menggunaan kata MBOK , puisi ini aku tujukan untuk emak aku yang melahirkan aku, merawat aku dan membesarkan aku , hingga seperti aku yang ada sekarang . I LOVE YOU EMAK .

Mbok ...
Sak jerone mesem mu ono keselmu
Rino wengi kerjo tanpo leren..
Babar pisan ora sambat opo opo
Kabeh mau , kanggo butuhe omah..

Mbok...
Gunung paido karo omelan bendino
Songko telat sarapan , teko masalah ngumbah sandangan
Mbok tetap sabar lan telaten...
Tetep masak, tetep umbah-umbah , tetep nyapu jogan..

Mbok...
Tetap sabar naliko telat duit belonjo..
Tetap ngapuro naliko duit spp tak gondol lungo
Tetap ngobati naliko aku loro...
Tetap wani ngedapi perkoro naliko aku lumpuh tanpa doyo...

Mbok....
Saiki aku wis gede...
Wis iso mergawe... golek duit dewe...
Iso tuku sandang penganggo dewe...
Kabeh tak nggo senengku dewe...

Mbok...
Naliko aku gajian , sering aku lali...
Mboku nang deso , kabare koyo opo...
Sehat opo ora, bature sopo lan liya liyane...

Mbok....
Yen aku kelingan kangelanmu...
Naliko ngopeni cilikanku...
Wani madu naliko mbok nasehati...
Wani ngelaraki ati naliko mbok kandani...
Aku getun....ora karuan....

Mbok ...
Sepurane sing akeh....
Aku ga iso mbales opo-opo...
Mung iso dungo....
Mugo mbok di wenehi urip sing adem ayem tentrem
Sehat wal afiat tanpo ono alangan opo-opo...

Amin......
Read More
Bisnis Investasi

PUISI JAWA JAMAN KOPLAK

PUISI JAWA JAMAN KOPLAK - Lirik lagu atau apa , aku belum pernah dengar juga belum pernah baca kecuali berupa tulisan yang lewat di beranda facebook teman bernama dhalang poer , pencipta lagu langit mendung kota ngawi .

Jamane jaman koplak
produser mung waton nyetak
gawe lagu waton njeplak
tanpa rasa waton nelak

syaire barang jerohan
penthol penthil ora sungkan
arep nyeni ra kenduman
kapeksa gawe rangkuman

Produser mung mikir bathi
saru porno ra peduli
rusak moral ora penting
sing penting bokonge mledhing!
Read More