Bisnis Investasi

Puisi Korupsi Koruptor Dancok

Koruptor dancok...
Jarene Ngayomi
Jebul Ngapusi
Kabeh sak eneke di korupsi
Iku gone sopo ga peduli

Duit ratan jembatan di pangan
Anggaran kesehatan lan pendidikan katut sisan
Jarene demi keamanan lan ketertiban
Jebole mung gawe coro golek pangan
Gawe Nambah masukan , mumpung nduwe jabatan
Mumpung kuoso iso gawe aturan

Rakyat Mung Iso Bingung
Nonton pejabate sing Gemblung
Mung iso muni , mugo wetengmu mlembung
Karo negrungoken pidatomu , najan kuping bengung

Petanine mati.
Sawah garing ganok banyune
Tanduran Mati Ganek rabuke
Mulo panen , tapi ganok regane

Pedagange podo rugi
Toko lan pasar akeh sing tutup
Mergone podo bangkrut
Kalah karo swalayan karo mall group

Ternake podo mati
Mergo pakane larang
Kabeh kabeh gawe produk imporan
Ternak ga payu jare ga sesuai standar pasaran .

Koruptor iku cen dancokan...
Yen di umbar jelas malah dadi
Cocoke yo di cekel terus di hukum mati
Mergone Koruptor wis tego mateni .

Mulo saiki dulur
Awake dewe kudu bersatu
Brantas korupsi , kabeh kudu maju
Ben ga nular Nang anak putu...
Advertisement