Bisnis Investasi

JANE AKU IKI BOJONE SOPO ?

#Aku Iki Jane Bojone Sopo.
Puisi singkat buat yang masih jomblo , mudah mudahan bisa menghibur. Selamat menikmati.

Aku Iki Jane Bojone Sopo.

Umur wis akeh bojo ra oleh oleh
Jane aku iki bojone sopo ?
Awak yois tak openi,tapi ora ono sing nyedaki
Jane aku iki bojone sopo ?
Kerjo awan bengi tak lakoni, tapi ra ono sing di jak rabi.
Jane aku iki bojone sopo?

Jare kon golek kenalan , tapi kabeh ngaku wis duwe pasangan .
Jane aku iki bojone sopo?
Jare kon dungo sholat wengi wiridan, wis lakoni , tapi malah mimpi di uber wong edan.
Jane aki iki bojone sopo?
Kon jalan jalan sopo  ngerti oleh pandangan, wis tak lakoni cangkruk ning prapatan sampek ora ulih ulihan, ora petuk pasangan malah keno garukan.
Jane aku iki bojone sopo ?

Ya Allah urip kari rabine tok
Kok angel eram ya Allah...
Bangeten men nasibku...
Susah yo susah tapi ojo nemen nemen
Mugo dang paringi jodoh ya Allah...
Amin......

@Abu Nawas
Ngawi Jawa Timur, Minggu 11 Maret 2018 , 19:20

Advertisement