Bisnis Investasi

ABID ZAMAN NOW

Abid Zaman Now

Tetap gaul yo sosmedtan barang
Tapi ora ninggal sembahyang
Kenal konco kono kene najan ora katon wonge
Gaya dadi opo wae tapi ora lali nyatane

Wayah mergawe tetap mergawe
Kanggo ngingone anak bojone
Wayah turu yo turu
Ora kebablasan ngobrol karo wong ayu

Dadi Abid zaman now.... kudu sabar
Zamane akeh wong pinter ceramah
Mergo kabeh sarwo gampang tur murah
Pokok iso moco tulis wis iso kotbah
Lemah tegalan sawah sampek toto titi coro ibadah

Dadi abid zaman now kudu tenang
Ora usah kagetan yo ojo gumunan
Nek kudune sarungan yo sarungan
Tapi yo ojo ngremehno wong celonoan

Yo kadang kolo gae gamis opo jubahan
Dandan necis minyak wangi budal jemahan
Nanging terus ojo rumongso sok paling beriman
Sandangan tetap sandangan ora keno dadi patokan.

Dadi abid zaman now kudu cekatan
Ora keno grudak gruduk perkoro beda pemikiran
Ojo sampek kepancing kafir kafiran
Mergo Kabeh podo durung karuan

Dadi abid zaman now...Kudi Sing yakin...
Allah duwe sifat mutlak Qodrat Irodat
Sing ora bisa di taker mung gae filsafat
Opo maneh mung pertimbangan akal karo mripat.

Dadi abid zaman now...Ora perlu wedi ora perlu susah
Dadi umate nabi Muhammad iku bejo manfaat.
Ojo tinggal syareat tirakat bekne temu hakekat syukur syukur di paringi makrifat
Ibadah sing istiqomah sinambi nepung sanak kerabat.
Ora usah ngarep keramat sing penting rukun ning sekabehane umat.

Wis ngunu ae tak akhiri iki kalimat
Mugo iso paringi manfaat....
Amin.....

@abu nawas
Ngawi Jawa Timur  Senin12 Maret 2018 05:42

Advertisement